BLORA

ASAL USULE BLORA

Miturut critane rakyat Blora iku dumadi soko belor. Tegese endhut (Lumpur). Tembung belor soyo suwe dadi beloran lan akhire nganti saiki katelah dadi kanti sebutan blora. Yen dirunut kanti cara etimologi (asal usule tmebung) blora asale soko tembung wai dan lorah. Wai tegese banyu lan lorah tegese jurang utowo lemah endhek (ledhok). Ing basa jawa aksara w bisa lira liru karo aksara b tanpa ngowahi tegese, saenga jumbuh karo kemajuane jaman mula tembung wailorah dadi bailorah. Saka bailorah dadi blora lan akhire dadi Blora. Cethane, jenenge Blora iku tegese lemah endhek mbanyu. Bab iki jumbuh karo lemah ngendhut.
Ing abad XVI Blora kabawah wewengkon kadipaten Jipang. Wektu iki Jipang isih kabawah Kasultanan Demak. Adipati Jipang sinebut Arya Jipang. Dene penguasane kanthi Pati, Lasem, Blora lan Jipang dhewe. Nanging sawise Jaka Tingkir (Sultan Hadiwijaya) nglenggahi dhampar kasultanan Demak, punjering papentrahan kaboyong menyang Pajang. Kanthi mengkono Blora kawengku/klebu wewengkon Pajang.
Kraton Pajang ora suwe amarga ditelukake Kraton Mataram punjere ing Kutha Gedhe Ngayogyakarta. Nalika jaman Pakubuwana I (1704 - 1719) tlatah Blora diparengake putrane kang sinebut Pangeran Blitar kanthi gelar Adipati. Nalikane Mataram ana ing panguasane Pakubuwana II (1727 – 1749) dumadi pambrontakan kang dipandhegani dening Mangku Bumi lan Mas Said. Mangkubumi kasil ngegem Sukawati Grobogan, Demak Blora lan Ngayogyakarta. Wusanane Mangku Bumi dadi raja ing Ngayogyakarta. Wiwit jaman Pajang nganti Mataram Blora minangka laladan kang penting tumrape peprentahan pusat kerajaan amarga Blora kondhang alas jatine. Blora wiwit owah setatus dadi daerah kabupaten nalika dina Kemis Kliwon tanggal 8 Sura tahun Alib utawa 11 Desember 1749 Masehi kang nganti saiki sinebut minangka HARI JADI KABUPATEN BLORA. Dene Bupati kang pisanan yaiku Wilatikta.

(Kapethik lan kajarwaake saka internet KPDE Pemkab Blora).

0 Comments:

Post a Comment



Posting Lama Beranda